Oleh
Nuning Turistiani, S.Pd Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 3 Subah
Serat Tripama punika anggitanipun Mangkunegara IV ingkang lair surya kaping 3 Maret 1811 (Senin Paing, 8 Sapar 1738), asmanipun nalika alit inggih punika Raden Mas Sudira. Ingkang Rama asmanipun Adiwijaya I menawi Ibunipun inggih punika putri KGPAA Mangkunegara II asmanipun Raden Ajeng sekeli.
Serat Tripama punika nyariosaken paraga satriya cacah tiga anggenipun ngabdi tumrap nagarinipun. Paraga ingkang kapisan wonten ing serat Tripama inggih punika Patih Suwanda. Supados para prajurit punika saged nuladha sipat ksatriya saking Patih Suwanda ing Maespati. Piyambakipun inggih punika satunggaling ksatriya ingkang nggadhahi watak pinter/wasis, tegesipun ahli/nguwaosi ing bab perang; lan wantun tegesipun boten ngraos ajrih ing ajal.
Paraga kakalih ingkang dipuncariyosaken wonten ing serat Tripama inggih punika Kumbakarna. Prajurit saged nuladha Kumbakarna. Sanadyan piyambakipun inggih punika awujud buta utawi raseksa ananging remen pados kautaman. Saderengipun perang Kumbakarna sampun makaping-kaping paring pamrayogi dhumateng Rahwana supados boten sios perang, ancasipun supados rakyatipun raharja utawi slamet. Ananging Rahwana boten nampi pamrayogi punika. Sasampunipun pasukan Alengka kathah ingkang pejah Kumbakarna tumindak minangka panglima lan pejah mbela negaranipun boten mbela rakanipun.
Paraga salajengipun ing serat Tripama inggih punika Adipati Karna. Prajurit kedahipun nuladha tumindakipun Adipati Karna. Nalika perang Bharatayudha Karna nglawan kadangipun piyambak inggih punika Arjuna. Wiwit alit Karna sampun nampi kesaenan saking raja Astina. Pramila piyambakipun sumedya mati kangge males budi dhateng Kurupati lan mbela nagari.
Maos serat Tripama inggih punika maos tuladha saking patrap luhur para paraga ingkang wonten ing serat Tripama utawi tumindak ingkang sae saking para paraga ingkang saged dipuntuladha dening bebrayan ageng mliginipun bebrayan Jawi. Para prajurit ugi kedah nuladha anggenipun ngabdi tumrap bangsa lan nagari sarta saged nuladha patrap sae saking para paraga ingkang wonten ing salebeting serat Tripama.
Pitutur luhur ing Serat Tripama inggih punika :
- Setya dhateng Raja lan Nagari
Ing serat Tripama manggih patrap sae inggih punika setya dhateng raja ingkang kamot ing kalih pada inggih punika “pada satunggal gatra kaping sekawan dumugi nenem lan pada gangsal gatra kaping gangsal dumugi sedasa”.
Pada satunggal ing serat Tripama punika nedahaken bilih salah satunggaling paraga ing serat Tripama punika ingkang asma Patih Suwanda nggadhahi patrap setya dhateng rajanipun inggih punika Prabu Sasrabahu. Patrap setyanipun Suwanda kabukti anggenipun ngabdi dados prajurit lan dados andelipun sang raja sarta mbiyantu nalika mbela raja saking serangan Nagari Ngalengka.
Ewadene pada gangsal nedahaken bilih paraga ingkang asma Karna punika setya dhateng nagarinipun kabukti Karna tetep dados Senopati lan pangarsaning perang kangge mbela nagarinipun ingkang para pangarsaning nagari punika sayektosipun nggadhahi watak ingkang keras ananging Karna tetep mbela.
- Lila Ngorbanaken Jiwa lan Raga kangge Mbela Nagari
Saking analisis ingkang sampun kalampah, dipunpanggihi wonten tiga pada ingkang nedahaken patrap lila ngorbanaken jiwa lan raga kangge mbela nagari, kadosta ingkang kaserat ing “pada kakalih gatra kaping wolu dumugi sedasa, pada kaping sekawan gatra kaping sekawan dumugi gangsal, pada kaping nenem gatra sanga”. Katiga pada punika nggambaraken bilih paraga ing serat Tripama punika nggadhahi ptarap ingkang lila ngorbanaken jiwa lan raga ingkang katujokaken tumrap nagarinipun. Patrap punika kabukti nalika para paraga punika perang nglawan mungsuh ngantos pejah. Para paraga kanthi lila ngorbanaken raga anggenipun perang, patrap punika kalawau dipuntujokaken mligi tumrap nagarinipun.
- Patrap Adil
Miturut pamanggihipun Suseno, patrap adil punika sampun trep kaliyan asiling analisis ing serat Tripama ingkang nyebataken bilih adil hakikatipun nggadhahi teges bilih kita suka dhumateng sinten kemawon ingkang dados hakipun. Saderengipun perang kawiwitan wonten rembagan ingkang ngrembag ngengingi perang supados boten kalaksanan. Lajeng sanadyan manahipun boten sarujuk kaliyan punapa ingkang sampun kadhawuhaken pramila perang katindakaken kanthi prinsip mbela nagari ateges paraga kalawau boten mbela sinten kemawon kajawi kangge mbela nagari. Paraga ingkang nedahaken patrap adil kalawau inggih punika Kumbakarna. Kangge tumindak sae sacara hakikat punika winates. Pramila, jiwa ingkang adil badhe gesang kanthi sae lan kosok wangsulipun.
- Males Budi Kesaenan
Miturut teorinipun Suseno patrap punika trep bilih anggenipun ningali tiyang punika boten namung kangge dhirinipun piyambak. Kadosta ing serat Tripama ingkang nggambaraken bilih males budi kesaenan punika minangka salah satunggaling patrap sae ingkang boten damel rugi tumrap tiyang sanes. Patrap punika katindakaken dening satunggaling paraga ing serat Tripama anggenipun nindakaken males budi kesaenan dhateng tiyang ingkang sampun nate suka pitulungan. Patrap sae saking para paraga ing serat Tripama punika saged dipuntuladha tumrap bebrayan ageng mliginipun bebrayan Jawi. Ananging patrap ingkang kirang prayogi saking para paraga ing serat Tripama punika saged dipundadosaken pengalaman gesang ing bebrayan. (*)